Jumat, 11 November 2011

TAHAJUD

Sajadah warisane Ibu kang tansah gumantung ing centhelan
Kumlebat kena panyuntake kipas angin
Setya nggugah ngorok sesengguran
Kalela-lela impen katalompen
Hawa ankles wiwit rumesep
Aku ndhedhepe karep
Dosa-dosa iki kudu walaka marang sapa
Marang saben ngaling-alingi
Dosa-dosa kang tansah dakjumputi dakcelengi

Ing sepine wengi
Ora ana sapa-sapa
Ing telenge ati
Aku bisa walaka

Sajadah warisane ibu kang tansah gumantung ing centhalan
Kumlebat nuduhake cathetan-cathetan
Saka sajadah tansah daksimak
Panyendhu saha penyurunge ibu
Kang tansah nyuntak-nyuntak